Jumat, 02 November 2012

Status FaceBook Ayu Lintang Al Ghaniyyu November 2010

0 komentar
Ayu Lintang Al Ghaniyyu
Linambaran niat kang wening lan welas asih, nglampahi urip wonten ing alam ndonya, sami rukun, remen tetulung, ugi paring Sih, sedoyo titah meniko sami, mboten wonten ingkang inggil utawi andhap, papak kahananipun.. (17 November 2010)
katon ing padhang polah jalmo manungsa kang kados gabah dipun interi, bingung, mlampah nabrak nabrak siji lan sijinipun, lajeng dados lakon utawi lampah ing mayapada meniko… dados tontonan, dados pangilon ugi dados lelampahan urip ing alam ndonya tumuju alam kelanggengan… (17 November 2010)
ngupadi ingkang Sejati meniko, awrad kados madosi galihe kangkung, utawi tapake peksi kang mabur, utawi tirtaprawitasari, cedhak tan kecepeng, adoh nanging anglimputi, soksinten ingkang kawahyon, tinarbuka gapuranipun kraton, badhe dados Ratu Adil, utawi Raja kan sugih, luhur ing budhi, kang sinuba nuba kinurmatan ing alam ndonya ngantos alam kelanggengan. (15 Nov 2010)
sumusuping hawa ing sakjroning kedaton, jumenengaken raos pangraos ngaurip, awujud pangrungu, pangambu, paningal, pangucap, meniko sedoyo dados peseksen kahanan kang maujud, tan keno kinoyo ngopo, tan kena kacarita deneng pangucap awit mboten mangucap, ugi tan kena katingal deneng paningal awit suwung, tan kena kinirungu awit tan ana swara, tan ana pangrasa awit tan ana rasane (11 Nov 2010)
Sejatos Gusti meniko namung satunggal anane, anglimputi alam kang ginelar.. suwung anane, meniko sangkan parane kang dumadi, kang sampurna… gumebyare alam alam kang cinipto, kahananipun asring nglimpeaken, lajeng remen dolanan, awit menawi dumugi kahanan jati, suwung anane mboten wonten menopo nopo… (6 Nov 2010)
kinayungan welas asih kang netes saking alam saklimrahe samubarang kang dumadi, nitis titis dateng alam, dumugi titising pati kang tetep kawengku welas asih, sinabda sampurna ing seratan sinengker, ginelar terang ing panggenan suwung… kahanan kang mboten saget sinanding barang anyar… (4 Nov 2010)
Read more...

Status FaceBook Ayu Lintang Al Ghaniyyu Oktober 2010

0 komentar
Ayu Lintang Al Ghaniyyu
kahanan pati meniko mboten wonten bentene kalian kahanan urip, ugi nedahaken dununge saha kahanan pati, kahanan ingkang tetep anane, tan mobah ugi owah, awit suwung, lan sejatosipun suwung meniko mboten wonten menopo nopo… (31 Oct 2010)
ingkang sinebat angen angen pancen raos gandeng kalian kahanan jati, nanging sejatosipun mboten senggolan, sanadyan cedhak tanpa aling aling, ugi nadyan cedhak, angen angen mboten saget dumugi kahanan jati, mulur angen angen, tambah tebih angen angen kahanan jati, sirnanipun angen angen, wujud kahanan jati meniko… (20 Oct 2010)
samubarang kang dumadi, sampurna dumadinipun, meniko sampun kaserat ing lauh mahfudz, dados mboten sisah dados pitakenan, nanging sagedo dados pambukaning kawruh kasampurnan… (17 Oct 2010)
Urip meniko kadya dolanan, sinauso namung dolanan sampun sak karep piyambak, kados manungso kang dereng mangertosi awakipun piyambak, tegesipun merem angger angger alam ndonya, awit Gusti meniko nyata maujud, kang nerak angger angger injih kados nabrak tembok, tegesipun injih ngraosaken raos sakit ing raga meniko, nyata angger angger meniko tata lahir wadag meniko.. (13 oct 2010)
Ngancik lingsir wengi, kahanan ingkang sarwo menep, nedahaken kasunyatan ingkang saknyatane mboten kasat paningal, namung kang ening piyambak ingkang ngraoskan ening meniko, kita kang kasat paningal meniko, mboten saget babaraken kahanan ening meniko…
(10 oct 2010)
Manah ingkang tentrem, Batos ingkang wening, lerem… Ketingal ing paningal meneng, menep, mboten owah… Ngantos mboten saget kaserat, mboten saget dipun gambaraken… Meniko kahanan kang tan owah, ugi datan kena pati… Langgeng… (6 Oct 2010)
Read more...

Status FaceBook Ayu Lintang Al Ghaniyyu September 2010

0 komentar
Ayu Lintang Al Ghaniyyu
Gusti Kang anglimputi angen angen lan budi, mugi kang kalimputan meniko tuhu miturut dumateng kang anglimputi, mangertosi lan nderek mituhu dumateng Gusti Kang Maha Anglimputi, yektos suwung angen angen meniko… padhang jroning angen angen kalian jawi angen angen, sami sami kahananipun….. (27 Sept 2010)
sangkan paraning kang dumadi meniko sami, sinauso ing alam ndonya raos tindak dateng pundi pundi, sejatosipun mboten tindak dateng pundi pundi sedoyo meniko.. angen angen meniko kang tanpo wates, nanging sejatosipun mboten wonten… (24 Sept 2010)
Linambaran batos wening, ngayahi jejibahan memayu hayuning bawono, Gusti Kang Maha Welas Asih tuhu nedahaken Sih kang ginelar tanpa wates, pangangen angen tumus kasunyatan, sedoyo padhang ing paningal utawi lampah, mboten wonten menopo nopo… Maujud kang dados pangangen angen langgeng sesarengan langgengipun alam… (22 Sept 2010)
Bapa biyung iku minangka lantaran uríp ing ngalam donya. Síng sapa lali marang wóng tuwané prêsasat lali marang Pangérané, Ngabêktiya marang wóng tuwa. (15 Sept 2010)
Ginelar kurusetra kangge baratayudha ngalahaken hawa nepsu, sampun titiwancinipun kurusetra kinukut, Pangeran kang nyawiji sampun jumeneng ing tengah, kain pethak sampun cumepak damel ngukut raga, monggo kang anekseni kawontenan kahanan meniko, sesarengan sami atur kalepatan, mugi Kang Maha Suci nitahaken kita sedoyo balik suci…. Sugeng Riyadin, para kadang kinasih….  (9 Sept 2010)
kunjara kamanungsan kang ginelar, sarana kagem sesrawungan kang memayu hayuning pakunjaran meniko, awit yektos mboten kepanggih mulyaning manungsa menawi sakjroning pakunjaran wonten raos sakit lan susah… kanthi netepi kusnudzon dumateng Gusti Kang Akaryo Jagad, kasunyatan sakjroning pakunjaran meniko sami kalian ing njawi pakunjaran…… kahanan pakunjaran dados lantaran meruhi kahanan mardika… (7 Sept 2010)
Wolak walike lelampahan meniko pendadaran saking Gusti, kita kang ngaku pitados kalian “Sih” Gusti, menopo tetep tatag, lerem manah, wening batos, anglampahi sedoyo, utawi tumut molak malik kados manungso kang dereng mangertosi manungsanipun…..  (7 Sept 2010)
Sinaose alam ndonya kebak angen angen, mboten usah was was, awit saking angen angen meniko, kita mangertosi kasunyatan…..
(4 Sept 2010)
lelampahan meniko namung angen angen..  (3 Sept 2010)
Gus STA ngendiko : “h?h.lintang payah, orang pada terima kasih kok ngga di bales.kasian tauuuu…”
Lintang : kagem para kadang kinaseh, nembah nuwun sanget, mugi dados sesrawungan kang saget memayu hayuning jagad, nyuwun gunging pangaksami menawi mboten saget dipun wangsuli satunggal satunggal… nuwun… (2 Sept 2010)
Read more...

Status FaceBook Ayu Lintang Al Ghaniyyu Agustus 2010

0 komentar
Ayu Lintang Al Ghaniyyu
kang dumadi sampurna kahananipun, mboten sisah dados penggalih utawi pitakenan, menepaken angen angen, sedoyo wonten sangkan paranipun, utawi musabab lan tujuan… (29 Aug 2010)
Nadyan urip namung sakuntara lan kinunjara angen angen, monggo sampun manut nurut dateng angen angen, tetep tatag, raos rumaos kang Sejati, medal saking angen angen… (28 Aug 2010)
urip meniko isine angen angen, lamun sampun keblinger kalian angen angen,.. ingkang mboten cocok, pancen meniko isine… warna warnanipun alam ndonya… dumugi alam kelanggengan sedoyo meniko mboten wonten…….. (25 Aug 2010)
enjang saha dalu meniko angen angen, maujud awit dipun pikiraken… sedoyo kang maujud yektos saking angen angen utawi krenteg, krentegipun sinten…. injih krenteg piyambak piyambak…. (25 Aug 2010)
Lelampahan wonten alam ndonya meniko yektos namun lelampahan, sedoyo ingkang maujud mboten wonten kang langgeng, kang langgung namun wujud kang tan keno pati, wujud kang Maha Suci, wujud kang anglimputi, mbucal wekdal ngangen angen alam ndonya…. (24 Aug 2010)
Sakadare linakonan Mung tumindak mara ati Angger tan dadi prakara Karana riwayat muni Ikhtiyar iku yekti Pamilihing reh rahayu Sinambi budidaya Kanthi awas lawan eling Kanti kaesthi antuka parmaning Suksma (20 Aug 2010)
Ing wulan siam meniko, nyata saget ngleremaken manah, meper nepsu, langkung sabar lan sapanunggalane … Sedoyo kang kraos, yektos wonten wadag.. Tanpa wadag, mboten wonten raos raos meniko… (15 Aug 2010)
Jroning nampa pepesthen puniki Wajibira mung nuhoni dharma Apan wus dadi kodrate Lelaku jro lumaku Titi tata tatag ing batin Nggayuh yuning bebrayan lahir trusing kalbu Mula lumaku makarya Antepira sepi pamrih lahir bathin Makarya tan akarya (11 Aug 2010)
Aja turu soré kaki, Ana Déwa nganglang jagad, Nyangking bokor kencanané, Isine donga tetulak Sandhang kelawan pangan, Yaiku bagéyanipun wong welek sabar narima (9 Aug 2010)
Kanjeng Gusti Pangeran Kang Maha Welas Asih… mugi tansah paring Sih dumateng alam sak isinipun, mugi kita sedoyo wungu saget rumaos menawi Kanjeng Gusti Pangeran meniko nyata welas asih…. mugi saget rumaos ingkang nyata Maha Agung namung Gusti….(8 Aug 2010)
Nggugu karsaning priyangga,
Nora nganggo peparah lamun angling,
Lumuh ing ngaran balilu,
Uger guru aleman,
Nanging janma ingkang wus waspadeng semu
Sinamun ing samudana,
Sesadon ingadu manis
(6 Aug 2010)
EGOKU MENJULANG KELANGIT TANPA BATAS, SEOLAH OLAH KUKUASAI ALAM RAYA INI, PADAHAL SESUNGGUHNYA AKU BUKAN APA APA, AKHIRNYA AKU LEBUR DALAM KEAGUNGAN SEMESTA RAYA, MUSNAH, FANA TANPA BEKAS ATAUPUN JEJAK, LAKSANA JEJAK KUNTHUL MABUR (taken from Pangeran Sambernyawa’s status) (4 Aug 2010)
pitêdah kasajatining kawruh kasampurnan, tutuladhan saking Kitab
Tasawuf, panggêlaring wêjangan wau thukul saking kawêningan raosing
panggalih, inggih cipta sasmitaning Pangeran, rinilan ambuka wêdharing
pangandikaning Pangeran dhatêng Nabi. Musa, Kalamolah, ingkang
suraosipun makatên: Ing sabênêr-bênêre manungsa iku kanyatahaning
Pangeran, lan Pangeran iku mung sawiji. (3 Aug 2010)
Read more...

Status FaceBook Ayu Lintang Al Ghaniyyu Juli 2010

0 komentar
Ayu Lintang Al Ghaniyyu
Rasaning tyas kayungyun Angayomi lukitaning kalbu Gambir wanakalawan hening ing ati Kabekta kudu pitutur Sumingkiring reh tyas mirong (31 July 2010)
Ya Allah ya Rasulullah
Kang sipat murah lan asih
Mugi-mugi aparinga
Pitulung ingkang martani
Ing alam awal akhir
Dumununging gesang ulun
Mangkya sampun awredha
Ing wekasan kadi pundi
Mula mugi wontena pitulung Tuwan
(16 July 2010)
Sapatuk wahyuning Allah, ya dumilah mangulah ngelmu bangit, bangkit mikat reh mangukut, kukutaning jiwangga, yen mengkono kena sinebut wong sepuh, lire sepuh sepi hawa, awas roroning atunggil.
Ngelmu iku Kalakone kanthi laku, Lekase lawan kas, Tegese kas nyantosani, Setya budaya pangekese dur angkara. (15 July 2010)
Tan Samar Pamoring Suksma, Sinuksmaya winahyua ingasepi, sinimpen, telenging kalbu, Pambukaning warana, Tarlen saking liyep-layaping ngaluyup, Pindha pesathing supena, Sumusuping rasa jati. (12 July 2010)
Kang wus waspada ing patrap, mangayut ayat winasis, wasana wosing jiwangga, melok tanpa aling-aling, kang ngalingi kaliling, wenganing rasa tumlawung, keksi saliring jaman, angelayut tanpa tepi, yeku aran tapa tapaking Hyang Sukma. (8 July 2010)
Pagupakaning warak sakalir
Nadyan arca myang segara asat
Temahan rahayu kabeh
Apan sarira ayu
Ingideran kang widadari
Rineksa malaekat
Lan sagung pra rasul
Pinayungan ing Hyang Suksma
Ati Adam utekku baginda Sis
Pangucapku ya Musa
(2 July 2010)
Read more...

Status FaceBook Ayu Lintang Al Ghaniyyu Juni 2010

0 komentar
Ayu Lintang Al Ghaniyyu
Sageda sabar santosa
Mati sajroning ngaurip
Kalis ing reh aruraha
Murka angkara sumingkir
Tarlen meleng malat sih
Sanityaseng tyas mematuh
Badharing sapudhendha
Antuk mayar sawetawis
Borong angga sawarga mesi martaya
(28 Juni 2010)
Sajatine Ingsun anata malige ana sajroning Betalmakmur, iku omah enggineng Parameyaningsun, jumeneng ana sirahing Adam. Kang ana sajroning sirahiku dimak, yaiku utek ; kang ana antraning utek iku manik; sajroning manik iku budi ; sajroning budi iku napsu ; sajroning napsu iku suksma ; sajroning suksma iku rahsa ; sajr…oning rahsa iku Ingsun ; ora ana Pangeran, nanging Ingsun Dat Kang nglimputi ing kahanan jati. (26 Juni 2010)
Sesarengan ngupadi kasampurnaning urip, mboten keblasuk dateng angen angen, sangkan parane dumadi meniko saking suwung lajeng bali dumateng suwung. Warna warni wonten margi sakjroning mlampah tumuju kasampurnan meniko namung kembang alam ndonya…..
(23 Juni 2010)
Sajatine manungsa iku rahsaningsun, lan Ingsun iki rahsaning manungsa. Karana Ingsun anitahaken saka anasir patang prakara : 1. Bumi, 2. Geni, 3. Angin, 4. banyu. Iku kang dadi kawujudaning Sipatingsun, ing kono ingsun panjingi mudah limang prakara : 1. Nur, 2. Rahsa, 3. Roh, 4. Napsu, 5. Budi – iya iku minangka warananing wajahingsun Kang Maha Suci. (22 Juni 2010)
Milir Saking Leluhur, sejatosipun limrah manungsa meniko mangertosi uripipun piyambak, anekseni urip, panggenan urip piyambak piyambak…. anekseni dalah mangertosi menawi urip sedoyo meniko sami.. Sami kawengku Sih, lajeng tansah nguripaken Sih dateng alam sak isine….
(19 Juni 2010)
Ngelmu meniko sejatosipun sanes wadi awit gumelar wonten jagad, katon wonten paningal melo melo… Ananging kathah ingkang mboten saget anekseni, utawi anekseni ananging mboten pitados. Seratan sampurna menawi mboten kerso anekseni ateges mboten saget mengertosi jembare alam ingkang ginelar… Monggo kerso, meniko lelampahan ingkang saget dipun pilih…. (14 Juni 2010)
Manah lerem awit namung kelenggahan Kanjeng Pangeran ingkang nyawiji,lampah saya mboten wonten raosipun awit suwung, lepen tumut menep awit mboten mili malih… ananging menawi wonten owah gingsir kahanan mboten sisah nggumun,Kanjeng Panembahan Senopati ngendiko : “mobah malike kahanan iku, jalaran kahanan arep mbalik menyang asal mulane, mobah malike kahanan iku amung ono nang angen angen” (10 Juni 2010)
“Tiyang nêmbah dhatêng arah kemawon, botên sumêrêp wujud têgêsipun,
punika têtêp kapiripun, lan malih sintên tiyang ingkang nêmbah puji
ingkang sipat wujud warni, punika nêmbah brahala namanipun, mila tiyang  punika prêlu mangrêtos dhatêng lair lan batosipun. Tiyang ngucap punika kêdah sumêrêp dhatêng ingkang dipunucapakên….. (3 Juni 2010)
Gusti Ingkang Maha Suci, muji syukur ingkang sampun kelampahan, kathah sanget jejibahan dinten meniko, ananging tetep tatag ing lampah, muji syukur dipun pitados Gusti Ingkang AMurba Wasesa memayu hayuning bawono…. (1 Juni 2010)
Read more...

Status FaceBook Ayu Lintang Al Ghaniyyu Mei 2010

0 komentar
Ayu Lintang Al Ghaniyyu
Dzat kang mutlak kadim azali meniko mratelakaken pitung kahanan : 1. Chayu, tegese urip, kasebut atma. 2. Nur, tegese cahya, kasebut pranawa. 3. Sir, tegese rahsa, kasebut pramana. 4. Roh, tegese nyawa, kasebut sukma. 5. Napsu, tegese angkara. 6. Akal, tegese budi. 7. Jasad, tegese badan.  (31 mei 2010)
Gusti Ingkang Maha Suci, tumuju weninge batos Lintang nyuwun gunging pangaksami, ingkang kelampahan yektos pinesten kang Murba Wasesa, angen angen ingkang ngalambara meniko yektos manggen wonten raga meniko, pramila Lintang tansah ngugemi pitutur Leluhur tansah eleng lan waspada, welas asih dumateng sedoyo, nerima ing pandum………….
(29 Mei 2010)
Mobahe raga meniko pratanda wonten urip sakjroning raga meniko, ananging urip mboten manggen wonten sakjroning raga utawi sak jawine raga, kahananipun anglimputi. Sabar, nerima sedoyo ingkang mobah meniko sampun kakersaaken deneng Gusti Kang Urip, nglampahi urip kanthi manah ingkang rena sarto batos ingkang wening. Pej…ah gesang Lintang nderek Gusti Ingkang Maha Welas Asih…. (26 Mei 2010)
Damar Wengi Jeng lintang kemukus, saderengipun kulo nyuwun gunging pangampunten. Menopo ingkang panjenengan wedar sajatinipun manungsa wau kalebet wonten sa’jeroning puputan inggih meniko. Ngelmu kedah sabar, umpami badhe ngangsalaken perayogi ngilmu ingkang ndadosaken jembaring buwono, supados angsal ridhonipun gusti kang maha ag…ung. Sinten ingkang teteg, gedah tatag. Supados angsal tutug inggih 1. Akal pikiran dipun beber kalawan pangerten, sampun nyanggah umapami dereng mangartos. Meniko dipun perlambang, nopo
Ayu Lintang Al Ghaniyyu
kasinggihan Gus Damar, sabar sak jroning ngudi kawruh batos meniko, betah batos ingkang jembar…. menawi mboten sabar, kebak batos mboten jembar malih… damel nyadong kawruh dados kirang panggenan……. wusananipun mboten kepanggih ingka…ng dipun udi… ateges Gusti mboten ridho…
leres sanget Gus…..
monggo sesarengan sabar, menawi wonten … See Morebebeda, lerem… mboten ateges lepat, ananging kita dereng ngalami, sak mangke menawi sampun titi wancinipun injih badhe ngalami…
ngalami saklebete batos ingkang jembar, padhang tanpa wates….
(25 mei 2010)
netepi kersane Gusti Ingkang Maha Suci, pasrah raga lan jiwa menika, mereme netra, leremipun batos, jembar kahanan, kagem pakaryanipun Gusti…. sinau sabar kados Kanjeng Sunan Kalijaga nenggo lepen, mboten mindo gaweni tumindakipun Kanjeng Nabi Musa ingkang mboten miturut Kanjeng Nabi Khidir……. Lintang Sowan Gusti, mboten wonten kahanan kajaba Gusti piyambak….. (24 Mei 2010)
kadang MARMATI Amung tuwuh ing kuwasanira, Nganakaken saciptane KAKANG KAWAH puniku, Kang rumeksa ing awak mami Anekakake sedya, Ing kuwasanipun ADHI ARI-ARi ingkang Memayungi laku kuwasanireki Angenakken pangarah, PONANG GETIH ing rahina wengi Ngrerewangi ulah kang kuwasa Andadekaken karsane Puser kuwasanipun Nguyu-uy…u sabawa mami Nuruti ing panedha Kuwasanireku Jangkep kadang ingsun papat Kalimane wus dadi pancer
(21 Mei 2010)
Ya marma lunganging kis ing wengi, Angulati sarasyaning tunggal,
Sampurnaning lampah kabeh, Sing pandhita sundhuning, Angulati
sarining urip, Wekasing jati wenang Wekasing lor kidul
Suruping radya wulan, Reming netra lalawa suruping pati Wekasing ana ora (11 Mei 2010)
sajatine Ingsun dat kang amurba amisesa kang kawasa anitahake sawiji-wiji, dadi sanalika, sampurna saka kodrat Ingsun, ing kono wus kanyatan pratandhaning apngal Ingsun kang minangka bebukaning iradat Ingsun, kang dhingin Ingsun anitahake kayu aran sajaratulyakin tumuwuh ing sajroning alam ngadammakdum ajali abadi. ( 4 Mei 2010)
Ana kidung rumekso ing wengi Teguh hayu luputa ing lara luputa bilahi kabeh jim setan datan purun paneluhan tan ana wani niwah panggawe ala gunaning wong luput geni atemahan tirta maling adoh tan ana ngarah ing mami guna duduk pan sirno (3 Mei 2010)
Sageda sabar santosa Mati sajroning ngaurip Kalis ing reh aruraha Murka angkara sumingkir Tarlen meleng malat sih Sanityaseng tyas mematuh Badharing sapudhendha Antuk mayar sawetawis Borong angga sawarga mesi martaya (2 Mei 2010)
Sejatine ora ana apa-apa ; awit duk maksih awang-uwung durung ana sawiji-wiji ; kang ana dhingin iku ingsun, ora ana Pangeran Nanging Ingsun ; sajatine Kang Maha Suci anglimput ing Sipat Ingsun, anartani ing asman-Ingsun amratandhani ing apngal Ingsun. (1 Mei 2010)
Read more...
 
Samudro Putih © 2011 DheTemplate.com & Main Blogger. Supported by Makeityourring Diamond Engagement Rings

You can add link or short description here