Ayu Lintang Al Ghaniyyu
Gusti Kang anglimputi angen angen lan budi, mugi kang kalimputan meniko tuhu miturut dumateng kang anglimputi, mangertosi lan nderek mituhu dumateng Gusti Kang Maha Anglimputi, yektos suwung angen angen meniko… padhang jroning angen angen kalian jawi angen angen, sami sami kahananipun….. (27 Sept 2010)
sangkan paraning kang dumadi meniko sami, sinauso ing alam ndonya raos tindak dateng pundi pundi, sejatosipun mboten tindak dateng pundi pundi sedoyo meniko.. angen angen meniko kang tanpo wates, nanging sejatosipun mboten wonten… (24 Sept 2010)
Linambaran batos wening, ngayahi jejibahan memayu hayuning bawono, Gusti Kang Maha Welas Asih tuhu nedahaken Sih kang ginelar tanpa wates, pangangen angen tumus kasunyatan, sedoyo padhang ing paningal utawi lampah, mboten wonten menopo nopo… Maujud kang dados pangangen angen langgeng sesarengan langgengipun alam… (22 Sept 2010)
Bapa biyung iku minangka lantaran uríp ing ngalam donya. Síng sapa lali marang wóng tuwané prêsasat lali marang Pangérané, Ngabêktiya marang wóng tuwa. (15 Sept 2010)
Ginelar kurusetra kangge baratayudha ngalahaken hawa nepsu, sampun titiwancinipun kurusetra kinukut, Pangeran kang nyawiji sampun jumeneng ing tengah, kain pethak sampun cumepak damel ngukut raga, monggo kang anekseni kawontenan kahanan meniko, sesarengan sami atur kalepatan, mugi Kang Maha Suci nitahaken kita sedoyo balik suci…. Sugeng Riyadin, para kadang kinasih….  (9 Sept 2010)
kunjara kamanungsan kang ginelar, sarana kagem sesrawungan kang memayu hayuning pakunjaran meniko, awit yektos mboten kepanggih mulyaning manungsa menawi sakjroning pakunjaran wonten raos sakit lan susah… kanthi netepi kusnudzon dumateng Gusti Kang Akaryo Jagad, kasunyatan sakjroning pakunjaran meniko sami kalian ing njawi pakunjaran…… kahanan pakunjaran dados lantaran meruhi kahanan mardika… (7 Sept 2010)
Wolak walike lelampahan meniko pendadaran saking Gusti, kita kang ngaku pitados kalian “Sih” Gusti, menopo tetep tatag, lerem manah, wening batos, anglampahi sedoyo, utawi tumut molak malik kados manungso kang dereng mangertosi manungsanipun…..  (7 Sept 2010)
Sinaose alam ndonya kebak angen angen, mboten usah was was, awit saking angen angen meniko, kita mangertosi kasunyatan…..
(4 Sept 2010)
lelampahan meniko namung angen angen..  (3 Sept 2010)
Gus STA ngendiko : “h?h.lintang payah, orang pada terima kasih kok ngga di bales.kasian tauuuu…”
Lintang : kagem para kadang kinaseh, nembah nuwun sanget, mugi dados sesrawungan kang saget memayu hayuning jagad, nyuwun gunging pangaksami menawi mboten saget dipun wangsuli satunggal satunggal… nuwun… (2 Sept 2010)