Ayu Lintang Al Ghaniyyu
Rasaning tyas kayungyun Angayomi lukitaning kalbu Gambir wanakalawan hening ing ati Kabekta kudu pitutur Sumingkiring reh tyas mirong (31 July 2010)
Ya Allah ya Rasulullah
Kang sipat murah lan asih
Mugi-mugi aparinga
Pitulung ingkang martani
Ing alam awal akhir
Dumununging gesang ulun
Mangkya sampun awredha
Ing wekasan kadi pundi
Mula mugi wontena pitulung Tuwan
(16 July 2010)
Sapatuk wahyuning Allah, ya dumilah mangulah ngelmu bangit, bangkit mikat reh mangukut, kukutaning jiwangga, yen mengkono kena sinebut wong sepuh, lire sepuh sepi hawa, awas roroning atunggil.
Ngelmu iku Kalakone kanthi laku, Lekase lawan kas, Tegese kas nyantosani, Setya budaya pangekese dur angkara. (15 July 2010)
Tan Samar Pamoring Suksma, Sinuksmaya winahyua ingasepi, sinimpen, telenging kalbu, Pambukaning warana, Tarlen saking liyep-layaping ngaluyup, Pindha pesathing supena, Sumusuping rasa jati. (12 July 2010)
Kang wus waspada ing patrap, mangayut ayat winasis, wasana wosing jiwangga, melok tanpa aling-aling, kang ngalingi kaliling, wenganing rasa tumlawung, keksi saliring jaman, angelayut tanpa tepi, yeku aran tapa tapaking Hyang Sukma. (8 July 2010)
Pagupakaning warak sakalir
Nadyan arca myang segara asat
Temahan rahayu kabeh
Apan sarira ayu
Ingideran kang widadari
Rineksa malaekat
Lan sagung pra rasul
Pinayungan ing Hyang Suksma
Ati Adam utekku baginda Sis
Pangucapku ya Musa
(2 July 2010)