Ayu Lintang Al Ghaniyyu
Sageda sabar santosa
Mati sajroning ngaurip
Kalis ing reh aruraha
Murka angkara sumingkir
Tarlen meleng malat sih
Sanityaseng tyas mematuh
Badharing sapudhendha
Antuk mayar sawetawis
Borong angga sawarga mesi martaya
(28 Juni 2010)
Sajatine Ingsun anata malige ana sajroning Betalmakmur, iku omah enggineng Parameyaningsun, jumeneng ana sirahing Adam. Kang ana sajroning sirahiku dimak, yaiku utek ; kang ana antraning utek iku manik; sajroning manik iku budi ; sajroning budi iku napsu ; sajroning napsu iku suksma ; sajroning suksma iku rahsa ; sajr…oning rahsa iku Ingsun ; ora ana Pangeran, nanging Ingsun Dat Kang nglimputi ing kahanan jati. (26 Juni 2010)
Sesarengan ngupadi kasampurnaning urip, mboten keblasuk dateng angen angen, sangkan parane dumadi meniko saking suwung lajeng bali dumateng suwung. Warna warni wonten margi sakjroning mlampah tumuju kasampurnan meniko namung kembang alam ndonya…..
(23 Juni 2010)
Sajatine manungsa iku rahsaningsun, lan Ingsun iki rahsaning manungsa. Karana Ingsun anitahaken saka anasir patang prakara : 1. Bumi, 2. Geni, 3. Angin, 4. banyu. Iku kang dadi kawujudaning Sipatingsun, ing kono ingsun panjingi mudah limang prakara : 1. Nur, 2. Rahsa, 3. Roh, 4. Napsu, 5. Budi – iya iku minangka warananing wajahingsun Kang Maha Suci. (22 Juni 2010)
Milir Saking Leluhur, sejatosipun limrah manungsa meniko mangertosi uripipun piyambak, anekseni urip, panggenan urip piyambak piyambak…. anekseni dalah mangertosi menawi urip sedoyo meniko sami.. Sami kawengku Sih, lajeng tansah nguripaken Sih dateng alam sak isine….
(19 Juni 2010)
Ngelmu meniko sejatosipun sanes wadi awit gumelar wonten jagad, katon wonten paningal melo melo… Ananging kathah ingkang mboten saget anekseni, utawi anekseni ananging mboten pitados. Seratan sampurna menawi mboten kerso anekseni ateges mboten saget mengertosi jembare alam ingkang ginelar… Monggo kerso, meniko lelampahan ingkang saget dipun pilih…. (14 Juni 2010)
Manah lerem awit namung kelenggahan Kanjeng Pangeran ingkang nyawiji,lampah saya mboten wonten raosipun awit suwung, lepen tumut menep awit mboten mili malih… ananging menawi wonten owah gingsir kahanan mboten sisah nggumun,Kanjeng Panembahan Senopati ngendiko : “mobah malike kahanan iku, jalaran kahanan arep mbalik menyang asal mulane, mobah malike kahanan iku amung ono nang angen angen” (10 Juni 2010)
“Tiyang nêmbah dhatêng arah kemawon, botên sumêrêp wujud têgêsipun,
punika têtêp kapiripun, lan malih sintên tiyang ingkang nêmbah puji
ingkang sipat wujud warni, punika nêmbah brahala namanipun, mila tiyang  punika prêlu mangrêtos dhatêng lair lan batosipun. Tiyang ngucap punika kêdah sumêrêp dhatêng ingkang dipunucapakên….. (3 Juni 2010)
Gusti Ingkang Maha Suci, muji syukur ingkang sampun kelampahan, kathah sanget jejibahan dinten meniko, ananging tetep tatag ing lampah, muji syukur dipun pitados Gusti Ingkang AMurba Wasesa memayu hayuning bawono…. (1 Juni 2010)