Ayu Lintang Al Ghaniyyu
Linambaran niat kang wening lan welas asih, nglampahi urip wonten ing alam ndonya, sami rukun, remen tetulung, ugi paring Sih, sedoyo titah meniko sami, mboten wonten ingkang inggil utawi andhap, papak kahananipun.. (17 November 2010)
katon ing padhang polah jalmo manungsa kang kados gabah dipun interi, bingung, mlampah nabrak nabrak siji lan sijinipun, lajeng dados lakon utawi lampah ing mayapada meniko… dados tontonan, dados pangilon ugi dados lelampahan urip ing alam ndonya tumuju alam kelanggengan… (17 November 2010)
ngupadi ingkang Sejati meniko, awrad kados madosi galihe kangkung, utawi tapake peksi kang mabur, utawi tirtaprawitasari, cedhak tan kecepeng, adoh nanging anglimputi, soksinten ingkang kawahyon, tinarbuka gapuranipun kraton, badhe dados Ratu Adil, utawi Raja kan sugih, luhur ing budhi, kang sinuba nuba kinurmatan ing alam ndonya ngantos alam kelanggengan. (15 Nov 2010)
sumusuping hawa ing sakjroning kedaton, jumenengaken raos pangraos ngaurip, awujud pangrungu, pangambu, paningal, pangucap, meniko sedoyo dados peseksen kahanan kang maujud, tan keno kinoyo ngopo, tan kena kacarita deneng pangucap awit mboten mangucap, ugi tan kena katingal deneng paningal awit suwung, tan kena kinirungu awit tan ana swara, tan ana pangrasa awit tan ana rasane (11 Nov 2010)
Sejatos Gusti meniko namung satunggal anane, anglimputi alam kang ginelar.. suwung anane, meniko sangkan parane kang dumadi, kang sampurna… gumebyare alam alam kang cinipto, kahananipun asring nglimpeaken, lajeng remen dolanan, awit menawi dumugi kahanan jati, suwung anane mboten wonten menopo nopo… (6 Nov 2010)
kinayungan welas asih kang netes saking alam saklimrahe samubarang kang dumadi, nitis titis dateng alam, dumugi titising pati kang tetep kawengku welas asih, sinabda sampurna ing seratan sinengker, ginelar terang ing panggenan suwung… kahanan kang mboten saget sinanding barang anyar… (4 Nov 2010)