Jumat, 02 November 2012

Status FaceBook Ayu Lintang Al Ghaniyyu November 2010

0 komentar
Ayu Lintang Al Ghaniyyu Linambaran niat kang wening lan welas asih, nglampahi urip wonten ing alam ndonya, sami rukun, remen tetulung, ugi paring Sih, sedoyo titah meniko sami, mboten wonten ingkang inggil utawi andhap, papak kahananipun.. (17 November 2010) katon ing padhang polah jalmo manungsa kang kados gabah dipun interi, bingung, mlampah nabrak nabrak siji lan sijinipun, lajeng dados lakon utawi lampah ing mayapada meniko… dados tontonan, dados pangilon ugi dados lelampahan...
Read more...

Status FaceBook Ayu Lintang Al Ghaniyyu Oktober 2010

0 komentar
Ayu Lintang Al Ghaniyyu kahanan pati meniko mboten wonten bentene kalian kahanan urip, ugi nedahaken dununge saha kahanan pati, kahanan ingkang tetep anane, tan mobah ugi owah, awit suwung, lan sejatosipun suwung meniko mboten wonten menopo nopo… (31 Oct 2010) ingkang sinebat angen angen pancen raos gandeng kalian kahanan jati, nanging sejatosipun mboten senggolan, sanadyan cedhak tanpa aling aling, ugi nadyan cedhak, angen angen mboten saget dumugi kahanan jati, mulur angen angen,...
Read more...

Status FaceBook Ayu Lintang Al Ghaniyyu September 2010

0 komentar
Ayu Lintang Al Ghaniyyu Gusti Kang anglimputi angen angen lan budi, mugi kang kalimputan meniko tuhu miturut dumateng kang anglimputi, mangertosi lan nderek mituhu dumateng Gusti Kang Maha Anglimputi, yektos suwung angen angen meniko… padhang jroning angen angen kalian jawi angen angen, sami sami kahananipun….. (27 Sept 2010) sangkan paraning kang dumadi meniko sami, sinauso ing alam ndonya raos tindak dateng pundi pundi, sejatosipun mboten tindak dateng pundi pundi sedoyo meniko.....
Read more...

Status FaceBook Ayu Lintang Al Ghaniyyu Agustus 2010

0 komentar
Ayu Lintang Al Ghaniyyu kang dumadi sampurna kahananipun, mboten sisah dados penggalih utawi pitakenan, menepaken angen angen, sedoyo wonten sangkan paranipun, utawi musabab lan tujuan… (29 Aug 2010) Nadyan urip namung sakuntara lan kinunjara angen angen, monggo sampun manut nurut dateng angen angen, tetep tatag, raos rumaos kang Sejati, medal saking angen angen… (28 Aug 2010) urip meniko isine angen angen, lamun sampun keblinger kalian angen angen,.. ingkang mboten cocok, pancen meniko isine…...
Read more...

Status FaceBook Ayu Lintang Al Ghaniyyu Juli 2010

0 komentar
Ayu Lintang Al Ghaniyyu Rasaning tyas kayungyun Angayomi lukitaning kalbu Gambir wanakalawan hening ing ati Kabekta kudu pitutur Sumingkiring reh tyas mirong (31 July 2010) Ya Allah ya Rasulullah Kang sipat murah lan asih Mugi-mugi aparinga Pitulung ingkang martani Ing alam awal akhir Dumununging gesang ulun Mangkya sampun awredha Ing wekasan kadi pundi Mula mugi wontena pitulung Tuwan (16 July 2010) Sapatuk wahyuning Allah, ya dumilah mangulah ngelmu bangit, bangkit mikat reh mangukut,...
Read more...

Status FaceBook Ayu Lintang Al Ghaniyyu Juni 2010

0 komentar
Ayu Lintang Al Ghaniyyu Sageda sabar santosa Mati sajroning ngaurip Kalis ing reh aruraha Murka angkara sumingkir Tarlen meleng malat sih Sanityaseng tyas mematuh Badharing sapudhendha Antuk mayar sawetawis Borong angga sawarga mesi martaya (28 Juni 2010) Sajatine Ingsun anata malige ana sajroning Betalmakmur, iku omah enggineng Parameyaningsun, jumeneng ana sirahing Adam. Kang ana sajroning sirahiku dimak, yaiku utek ; kang ana antraning utek iku manik; sajroning manik iku budi...
Read more...

Status FaceBook Ayu Lintang Al Ghaniyyu Mei 2010

0 komentar
Ayu Lintang Al Ghaniyyu Dzat kang mutlak kadim azali meniko mratelakaken pitung kahanan : 1. Chayu, tegese urip, kasebut atma. 2. Nur, tegese cahya, kasebut pranawa. 3. Sir, tegese rahsa, kasebut pramana. 4. Roh, tegese nyawa, kasebut sukma. 5. Napsu, tegese angkara. 6. Akal, tegese budi. 7. Jasad, tegese badan.  (31 mei 2010) Gusti Ingkang Maha Suci, tumuju weninge batos Lintang nyuwun gunging pangaksami, ingkang kelampahan yektos pinesten kang Murba Wasesa, angen angen...
Read more...
RSSCatatan FB Arif RH
RSSAyu Lintang Al Ghaniyyu
RSSBacaan Baguz
RSSKumpulan Status Apik
RSSFeatured Post 7
RSSFeatured Post 8
 
Samudro Putih © 2011 DheTemplate.com & Main Blogger. Supported by Makeityourring Diamond Engagement Rings

You can add link or short description here