Ayu Lintang Al Ghaniyyu
Urip iku pan keno ing pati, Bebasane wong kang menyang pasar, Tan langgeng ing pasar bae, Tan wurung temtu wangsul Bali mring wismane ing nguni, Lamun sira tan wikan manggih marginipun, Bakal kesasar mbelasar, Kadyo kewan tan wruh paraning dumadi, Marmo jebeng nyatakno (30 Maret 2010)
yes siro kewahyon jati ateges siro kudu mengerteni sopo siro sopo ingsun…
(28 Maret 2010)
Pomo kaki padha dipun eling ing pitutur ingong sira uga satriya arane kudu anteng jatmika ing budi luruh sarta wasis samubarang tanduk
(24 maret 2010)
Dhuh pra mitra kawruhana jatine sagung kang seksi tan beda sira lan ingsun kawengku kuasaning urip kang anyipta sakalir mula sira iku ingsun tan ana dudu mitra ywa kongsi kalimput lali kawruhana lahir batine tyasira (19 Maret 2010)
Al Israa’ 17 : 85. Dan mereka bertanya kepadamu tentang roh. Katakanlah: “Roh itu termasuk urusan Tuhan-ku, dan tidaklah kamu diberi pengetahuan melainkan sedikit.” (19 Maret 2010)
ketika aku harus lebih sabar… harus kah berlindung pada sebuah kata klasik… aku adalah manusia biasa… (18 maret 2010)
Ingsun pranataning jagad, Maha Welas Maha Asih Tanpa wates tuhu tresna, tumrap titah kang ngabekti Lan setya angugemi, marang angger dhawuh Ingsun (17 Maret 2010)
pituduh ingkang sanyata, anggêlarakên dunung lan pangkating kawruh kasampurnan, panggêlaring wêjangan wau thukul saking kawêningan raosing panggalih, inggih cipta sasmitaning Pangeran, Ing sabênêr-bênêre manungsa iku kanyatahaning Pangeran, lan Pangeran iku mung sawiji
(15 Maret 2010)
Gusti Ingkang Maha Suci, kawula nyuwun pangampunten dumateng Gusti Ingkang Maha Suci…… (14 Maret 2010)
Duh Gusti Ingkang Maha Suci…….. (14 Maret 2010)