Ayu Lintang Al Ghaniyyu
Mangkya darajating prajaKawuryan wus sunyaturi Rurah pangrehing ukara Karana tanpa palupi Atilar silastuti Sujana sarjana kelu Kalulun kala tida Tidhem tandhaning dumadi Ardayengrat dene karoban rubeda
(30 April 2010)
Sholat…. Sembah raga, sembah cipta, sembah rasa, sembah sukma…
(24 April 2010)
Wong mangan wong.Anak lali bapak. Wong tuwa lali tuwane.Pedagang adol barang saya laris. Bandhane saya ludhes.Akeh wong mati kaliren ing sisihe pangan.Akeh wong nyekel bandha nanging uripe sangsara.
(21 April 2010)
Iki dalane sing eling lan waspodho, ing jaman Kala Bendu Jowo, ojo nglarang dalan wong ngluri, wong pangawak Dewo, Dewo pangawak manungso, sing malang-malang bakal cures sak broyo diomo kumoro. Ojo kleru Pandhito samudono. Lurinen Pandhito asenjoto Tri Sulo Wondho. Iku paringane Dewo. (20 April 2010)
Gegaraning wong akrami, Dudu bandha dudu rupa, Amung ati pawitané Luput pisan kena pisan, Lamun gampang luwih gampang, Lamun angèl, angèl kalangkung, Tan kena tinumbas arta (18 April 2010)
Jasad kawisesa dening budi, budi kawisesa dening napsu, napsu kawisesa dening suksma, suksma kawisesa dening rahsa, rahsa kawisesa dening cahya, cahya kawisesa dening urip, urip kapurba Dzat, mulane wahananing urip iku tanpa wangenan karo ananing Dzat, iya urip kita iku Dzating Gusti Kang Amaha Suci Sajati, aja uwas sumelang ing galih.
(15 April 2010)
Gusti Ingkang Maha Welas Asih, anane Lintang amargi saking Welas Asih Kanjeng Gusti Ingkang Murbeng ing Jagad, Lintang ngaturaken pangabekti dumateng Gusti, nedya setya tuhu dumateng angger angger ingkang sampun gumelar… tansah welas asih dumateng para kadang, alam sak isinipun… mboten cidro dumateng awakipun piyambak utawi liyan… nuwun… (14 April 2010)
Ratu tanah Jowo mung siji nanging podho nyawiji. Ageman agodhong pring nom, atetenger lintang belik anyekel gaman uleg-uleg wesi lambung, panderake anyangklong once londo isine lombok kuning. Bumbung wulung tan rosan gineret kreto tan turonggo. (13 April 2010)
Sakehing kan dumadi makardi Lir Hyang Widhi kan tansah makarya Nguribi jagad tan leren Surya, candra lan bayu Bhumi tirta kalawan agni Paparing panguripan Mring pamrih wus mungkur Anane nuhoni dharma Iku dadya “sastra cetha” tanpa tulis Nulat lakuning alam……
(10 April 2010)
Gusti Ingkang Maha Suci, Para sederek ingkang Kinasih… Jagad sak isinipun… Lintang nyuwun AGunging pangaksami… kahanan ingkang taksih gandeng kaliyan wadag Lintang, andadosaken aneko warno seneng lan susah, sungkem pangabekti katur dumateng Gusti Ingkang Maha Suci kaliyan Sedoyo kadang Kinasih… sumonggo… sesarengan mlampah kanthi batos ingkang suci lan wening… (8 April 2010)
Sasmitaning ngaurip puniki, mapan ewuh yen ora weruha, tan jumeneng ing uripe, akeh kang ngaku-aku, pangrasane sampun udani, tur durung wruh ing rasa, rasa kang satuhu, rasaning rasa punika, upayanen darapon sampurna ugi, ing kauripanira. (7 April 2010)